
TULUNGAGUNG,Rajawali1news.comP – Suasana Pendopo Kongas Arum Kusumaning Bongso, Jumat malam (13/11/2026), dadi saksi bisu laire semangat baru gawe kebangkitan batik khas Tulungagung. Neng tengah gemerlap lampu lan semarak e para perajin sing teko soko penjuru kecamatan, Festival IKM Dalam Kreasi Batik Lurik Bhumi Ngrowo 2026 resmi dibuka langsung karo Plt. Bupati Tulungagung, H. Ahmad Baharudin, S.M., M.M. Pembukaan iki dudu mung seremonial biasa, nanging dadi tonggak sejarah anyar, bukti nyata nek Pemerintah Kabupaten Tulungagung tenanan neng njogo warisan leluhur, sakaligus ngangkat martabat para perajin cilik ben iso berdiri sejajar karo pelaku industri besar neng tingkat nasional.
Neng sambutan e sing kebak semangat lan kebanggaan, Plt. Bupati Ahmad Baharudin negesne nek Batik Lurik Bhumi Ngrowo iku dudu mung selembar kain sing di gawe gawean, nanging iku adalah jati diri ne wong Tulungagung, warisan sing ngalir neng getih e masyarakat Bhumi Ngrowo soko jaman mbiyen nganti saiki. Festival iki, jare beliau, adalah jembatan sing nyambungne kekayaan tradisi lokal karo tuntutan pasar modern sing terus berkembang, ben batik Tulungagung ora mung dadi pajangan neng lemari, nanging iso dadi kebanggaan sing di enggo saben dino, di gowo neng ndi ae, lan di kenali wong sak Indonesia.
Keunikan Batik Lurik Bhumi Ngrowo pancen ora iso di ragukne meneh bosku. Motif e sing nduwe sembilan alur garis banyu mili sing bergelombang iku nduwe makna filosofis sing jero banget, lambang urip sing terus mili, rejeki sing ora tau pedot, lan semangat wong Tulungagung sing ora tau nyerah senajan diterpa badai jaman. Ora heran, lek karya adiluhung iki wis oleh pengakuan resmi soko negara lewat Surat Pencatatan Ciptaan Nomor EC00202460293 tanggal 4 Juli 2024 soko Kementerian Hukum dan HAM RI, bukti nek batik iki pancen karya asli, karya anak bangsa, karya wong Tulungagung dewe.
Dukungan gawe festival iki yo katon jelas soko hadir e para tokoh penting, salah siji ne adalah Dandim 0807/Tulungagung Letkol Arh Hanny Galih Satrio, bersama Ketua Persit KCK Cabang XXI Kodim 0807 Ny. Vina Hanny Galih Satrio, sing melu hadir langsung neng tengah-tengah para perajin. Kehadiran beliau iku dadi bukti nek perjuangan ngangkat batik lokal iki dudu mung tugas e pemerintah tok, nanging tugas e kabeh elemen bangsa, soko TNI, pemerintah, perajin, nganti masyarakat cilik, kabeh kudu nyawiji, kudu bersatu, gawe siji tujuan, yoiku Tulungagung naik kelas, batik Tulungagung mendunia.
Plt. Bupati yo berharap gedhe, mugo-mugo liwat festival iki, para pelaku IKM Tulungagung iso oleh ruang sing luwih ombo gawe berkreasi, berinovasi, lan memasarkan karya-karya ne. Ojo sampe perajin Tulungagung kalah karo produk soko luar daerah, ojo sampe batik asli Tulungagung kalah pamor karo batik tiruan sing ora nduwe nyowo. Saiki wayah e wong Tulungagung bangga ngenggo batik e dewe, bangga nguri-uri budaya ne dewe, lan bangga nyeritakne neng dunia nek Tulungagung nduwe Batik Lurik Bhumi Ngrowo sing ora ono neng daerah liyo. (BB)
Tidak ada komentar