
Foto : Plt Bupati Tulungagung H. Ahmad Baharudin, S.M., M.M. sidak proyek.
TULUNGAGUNG,Rajawali1news.com – Esuk sing adem, Senin (16/11/2026), Plt Bupati Tulungagung H. Ahmad Baharudin, S.M., M.M. mudun langsung neng lapangan.
Ora mung neng kantor, beliaune pengin nyawang dewe kepiye pembangunan mlaku. Sidak neng 4 titik proyek infrastruktur, soko Jembatan Junjung nganti drainase kota.
Didampingi jajaran Dinas PUPR, konsultan, lan rekanan, Plt Bupati mlaku alon, takon siji-siji, ngrungokne keluhan warga.
Jembatan Junjung, Sumbergempol
Titik pertama yoiku Jembatan Desa Junjung. Jembatan iki tau ambrol, lan dadi jalur penting gawe warga Junjung – Wajak Kidul.
Saiki dibangun maneh nganggo girder beton, bentang 30 meter, lebar 6,5 meter. Tanpa penyangga neng tengah, ben banyu banjir iso mili lancar.
Nilai kontrak e Rp 7,1 miliar, digarap CV. Sari Bumi Perkasa, kontrak 29 Juni – 24 Desember 2026.
Plt Bupati nyawang cor-coran e, nyekel besi ne, karo pesen alus marang rekanan:
“Tolong dijogo kualitas e nggih. Jembatan iki kanggo masyarakat, kanggo anak-anak sekolah, kanggo bapak ibu tani. Mugi-mugi awet lan manfaat e dowo.”
Warga sing ketemu beliaune langsung matur nuwun. Jare warga, lek jembatan rampung, urip e bakal luwih gampang. Ora perlu muter adoh maneh.
Plt Bupati mung mesem, karo mangsuli:
“Nggih, sami-sami. Mugi-mugi lancar lan cepet rampung. Njenengan pandongane nggih.”
Drainase Kota, Ben Tulungagung Nyaman
Soko Junjung, rombongan lanjut neng kota. Jl. Teuku Umar, Jl. Ngemplak, lan Cuwiri Karangrejo.
Neng kene, Plt Bupati ngecek proyek penataan jalan lan trotoar.
Saluran lawas sing mung 60 cm saiki diganti saluran anyar lebar 1 meter. Dibagi dadi loro, siji gawe banyu, siji gawe kabel.
“Saluran sing lawas niku mung 60 cm. Sing anyar niki 1 meter, kaleh saluran. Siji kanggo banyu, siji kanggo kabel.”
Proyek iki nilai ne sekitar Rp 2,5 miliar, target rampung 28 Desember 2026.
Kabel internet lan telekomunikasi bakal ditata neng ngisor lemah, ben kota ketok rapi, resik, lan nyaman dipandang.
Trotoar uga bakal ditanduri wit, ben adem, ben pejalan kaki krasan.
130 Paket, Rp 279 Miliar Gawe Tulungagung
Ora mung 4 titik tok. Tahun 2026 iki, Pemkab Tulungagung lewat Dinas PUPR nggarap 130 paket infrastruktur, total Rp 279 miliar.
Dalan kabupaten, jembatan, drainase, tembok penahan longsor, kabeh digarap bareng.
Nganti awal November, 99 persen paket wis terbit SPK, serapan anggaran 47 persen. Akeh sing isih tahap awal, lagi proses uang muka.
Pihak PUPR janji bakal ngawal terus, ben akhir tahun progres e iso tekan 95 persen, karo kualitas tetep dijogo.
Neng pungkasan sidak, Plt Bupati titip pesan karo alus:
“Kerja sing sae nggih, sing jujur, sing sesuai spek. Iki amanah soko masyarakat Tulungagung. Mugi-mugi dadi amal jariyah, manfaat e tekan anak putu.”
Warga diimbau sabar sedelo lek dalan ono sing ditutup sementara, mergo pembangunan lagi mlaku. Lek enek sing kurang pas, monggo lapor kanthi sae, bakal ditindaklanjuti.
Tulungagung berbenah alon-alon, tapi pasti. Ora mung apik neng foto, tapi nyaman lan awet gawe masyarakat. (BB)
Tidak ada komentar