
TULUNGAGUNG,Rajawali1news.com – Suara soko akar rumput Tulungagung akhire mledos bosku! Ora mung bisik-bisik neng warung kopi, ora mung obrolan neng grup WhatsApp, nanging saiki dadi sikap politik sing tegas lan lantang. Relawan Gerindra Tulungagung resmi ngusung jeneng Ketua Harian DPP Partai Gerindra sakaligus Wakil Ketua DPR RI, Prof. Dr. Ir. H. Sufmi Dasco Ahmad, S.H., M.H., kanggo diusung dadi Wakil Presiden Republik Indonesia pengganti Gibran Rakabuming Raka sing wis mengundurkan diri soko jabatan e.
Usulan iki dudu usulan sembarangan, bosku. Iki adalah suara soko ngisor, suara soko kader lan relawan sing saben dino kerjo neng lapangan, sing ngerti persis sapa sosok sing pantes mendampingi Presiden Prabowo Subianto. Neng mata Relawan Gerindra Tulungagung, Sufmi Dasco adalah sosok sing wis terbukti, sosok sing tegak lurus, sosok sing ora tau goyah, sosok sing setia mendampingi Prabowo soko jaman perjuangan nganti saiki dadi pemerintahan. Dasco dikenal minangka negosiator ulung, penjaga komunikasi politik, lan sosok sing iso ngrangkul kabeh kalangan, soko aktivis, buruh, PPPK, nganti elite partai koalisi.
Gelombang dukungan kanggo Dasco iki pancen ora mung soko Tulungagung tok. Soko Sumatera Barat, Lampung, Sumatera Selatan, Aceh, Jawa Timur, nganti Papua Barat Daya, kabeh DPD Gerindra kompak muni siji suara: DASCO WAPRES! Ketua DPD Gerindra Jawa Timur, Anwar Sadad, dewe negesne nek aspirasi iki muncul secara alami soko perbincangan lan diskusi kader neng ngisor, dudu perintah soko nduwur. Iki bukti nek Gerindra adalah partai kader, partai sing ngrungokne suara akar rumput e.
Neng tengah gemuruh dukungan iku, Plt. Bupati Tulungagung sakaligus tokoh Gerindra Tulungagung, H. Ahmad Baharudin, S.M., M.M., melu menehi apresiasi sing tulus. Beliau ngapresiasi semangat relawan sing wani nyuarakne aspirasi secara terbuka, demokratis, lan sesuai karo mekanisme konstitusi. Menurut beliau, wani bersuara iku adalah bukti kedewasaan berpolitik, bukti nek kader Tulungagung ora mung dadi penonton, nanging melu aktif menentukan arah bangsa.
Ahmad Baharudin yo negesne, senajan usulan iki wis banter, keputusan akhir tetep neng tangan Presiden Prabowo Subianto. Sesuai Pasal 8 ayat (2) UUD 1945, lek kursi Wapres kosong, MPR sing milih Wapres soko rong jeneng calon sing diusulne Presiden. Presiden Prabowo nduwe waktu 14 dino gawe nyerahne rong jeneng iku marang MPR. Dadi, usulan soko Tulungagung iki adalah bentuk partisipasi konstruktif, dudu keputusan final, nanging suara sing kudu dirungokne.
Saiki, bola panas wes neng tangan Jakarta, bosku. Tulungagung wis muni sikap e. Relawan wis bergerak. Akar rumput wis bersatu. Siji jeneng, siji tekad, siji tujuan: Sufmi Dasco Ahmad layak dipertimbangkan dadi Wakil Presiden RI. Tulungagung ora mung melu-melu, Tulungagung melu menentukan sejarah!
(BB)
Tidak ada komentar